Ana
sawatara versi cerita bab sapa leluhure Pandawa lan Kurawa. Ana sing
ngandharake yen iku Bharata, putrane Prabu Duswanta lan Dewi Sakhuntala. Mula,
Pandawa lan Kurawa uga sinebut darah Bharata. Crita liya nyebutake yen kang
nurunake iku Bambang Bremani, putrane Bathara Brama kang dhaup karo Dewi
Srihunon, putrane Bathara Wisnu. Bremani banjur peputra Bambang Parikenan lan
Parikenan peputra Manumayasa. Manumayasa iku satriya linuwih, kinasihan ing
Bathara Guru.Nalika semana ngarcapada, nadyan wis akeh manungsane, kahanane
durung tumata. Mula Bathara Guru ngersakake mranata kahananing para titah iku.
Banjur miji para dewa. Sang Hyang Kanekaputra matur yen ngarcapada kudu ana
kang mimpin. Nanging sapa?. Miturut Bathara Kanekaputra, ora ana liya maneh
kejaba ya mung Manumayasa iku. Bathara Guru sarujuk, nanging isih sumelang. Yen
mung Manumayasa dhewe kang ditugasi, apa bakal bisa ngleksanakake jejibahane
kanthi becik?. Sawise rembugan sawatara suwene, Bathara Guru lan Kanekaputra
sarujuk ngutus Sang Hyang Ismaya melu tumurun marang ngarcapada ngancani
Manumayasa. Yen ana pewayangan, Bathara Ismaya kuwi jenenge sing luwih
populer Semar. Maune uga salah sawijining dewa kang dedunung ing kahyangan.
Wiwit dina kuwi Ismaya kadhawuhan tumurun ing ngarcapada kanthi tugas ngemong
Manumayasa nganti saanak-turune besuk, amarga anak-turune Manumayasa iku wis
dipesthekake dening jawata bakal dadi pemimpine para manungsa, pemimpin kang
kudu njejegake kautaman.
Supaya anak-turune Manumayasa tansah bisa lumaku ing garis kautaman, Ismaya kudu tlaten ngemong. Kudu tansah ngelikake yen ana kang arep nalisir saka bebener. Sabanjure Semar mapan ing Karangdhempel (uga ana kang ngarani Klampis Ireng). Dene Manumayasa banjur yasa padhepokan ing Wukir Retawu. Semar kerep sowan menyang Retawu, prasasat meh saben dina. Sawise sawatara taun Manumayasa lan Ismaya manggon ana ngarcapada, Bathara Guru lan Bathara Narada bali ngrembug bab Manumayasa lan Ismaya. Pamanggihe Bathara Guru, Manumayasa kudu duwe sisihan supaya duwe keturunan kang besuk dadi pemimpine bangsa manungsa. Mula, wanita kang dadi sisihane Manumayasa iku aja mung sembarang wanita, ning kudu wanita sing duwe pribadi luhur, supaya bisa nurunake anak-anak kang uga becik pakartine.
Bathara Guru lan Narada akhire sarujuk nurunake widadari kang duwe sipat ora mung darbe rupa sulistya, ning uga pribadi luhur lan pantes dadi sisihane Manumayasa lan Ismaya. Widadari kang diturunake yakuwi Dewi Kaniraras lan Dewi Kanastri. Nalika tumurun ing ngarcapada, kekarone memba rupa dadi macan. Nuju sawijining dina, Manumayasa didherekake Semar, mbebedhag sato ana ing alas. Dumadakan kepethuk macan loro kang lagi nggereng-nggereng sajak arep mangsa Manumayasa lan Semar. Manumayasa nuli ndudut jemparing loro pisan. Jemparing linepasake, ngenani macan sakloron, sanalika badhar dadi widadari. Dewi Kaniraras lan Dewi Kanastri banjur nyembah marang Manumayasa, lan matur yen kekarone kadhawuhan dening jawata tumurun ing ngarcapada.Gancaring carita, Dewi Kaniraras nuli kapundhut garwa dening Manumayasa. Dewi Kanastri dadi bojone Semar. Manumayasa apeputra loro, yakuwi Sekutrem lan Sriyati. Sekutrem nurunake para ratu Astina, kalebu Pandawa lan Kurawa. Sriyati nurunake para raja Mandaraka. Dene Semar, tetep dadi abdi kang setya. Semar duwe anak telu: Gareng, Petruk, lan Bagong kang uga banjur melu dadi abdine para anak-turune Manumayasa. Nanging uga ana kang kandha, yen sejatine Gareng, Petruk, lan Bagong kuwi namung anak angkat.